![]() | |
Panggonan asal | Jepang |
---|---|
Woworan pokok | Tahu (kedhele) |
![]() ![]() |
Aburage (油揚げ abura-age?) yaiku bahan pangan Jepang wujud lembaran tahu tipis kang digorèng nganggo lenga gorèng nganti warnané kuning kaya emas.
Aburage gampang nyerep kaldu, mula dikanggokake ing akèh masakan sup utawa kanggo ngungkus bahan panganan liyaène. Aburage uga misuwur kanthi jeneng Usu-age utawa Inari-age.
aburage akèh digawé ing pabrik tahu utawa tukang tahu. Tahu dirajang tipis-tipis amba banjur digoreng ping pindho. Pisan, nganggo lenga kang suhune 110℃-120℃ banjur dipindahake ing lenga kang suhune radha dhuwur yaiku 180℃-200℃.