![]() | |
Lair: | Purworejo, Jawa Tengah, 19 Juni 1922 |
Tilar donya: | Lubang Buaya, Jakarta, 1 Oktober 1965 |
Pasarean: | TMP Kalibata-Jakarta |
Jendral TNI Anumerta Ahmad Yani (uga dieja Achmad Yani; Purworejo, 19 Juni 1922–Lubang Buaya, 1 Oktober 1965) iku pahlawan nasional indonesia.
Ahmad Yani kaloka minangka sawijining wadya kang tansah sebrang-sebrangan karo PKI (Parté Kuminis Indonésia). Nalika mengku kalungguhan minangka Mantri/Panglima Angkatan Darat wiwit taun 1962, Ahmad Yani nulak usul PKI kanggo nggawé Angkatan Kalima kang dumadi saka buruh lan tani (kang diwènèhi gaman). Awit saka iku Ahmad Yani, bebarengan karo pitu tokoh TNI, dadi target kang diculik lan diprejaya déning PKI, liwat G30S (Gerakan Tiga Puluh September). Ahmad Yani ditembak ing ngarep kamaré wektu subuh tanggal 1 Oktober 1965. Jasadé tinemu ing sajeroning sumur tuwa ing Lubang Buaya.[1]
Jabatan pungkasan Ahmad Yani ya iku minangka Mantri/Panglima Angkatan Darat(Men/Pangad) wiwit taun 1962.
Ahmad Yani disarèkaké ing TMP Kalibata, Jakarta.