Aksara Bali | |
---|---|
![]() | |
Jinis | |
Basa | Bali, Sasak, Jawa, lan Jawa Kuna |
Kala | watara abad 10 nganti saiki |
Aksara babon | Aksara Proto-Kanaan
|
Aksara sadulur | Surat BatakBaybayinAksara BuhidAksara HanunooJawaLontaraAksara Sunda Kuna]Aksara RejangTagbanwa |
Arah nulis | Kiwa manengen |
ISO 15924 | Bali, 360 |
Jeneng Unicode | Balinese |
Larik Unicode | U+1B00–U+1B7F |
Aksara Bali iku Aksara tradhisional masarakat Bali lan tuwuh ing Bali. Aksara Bali wujud sawijining aksara abugida kang asal saka Aksara Pallawa. Aksara iki mèmper karo aksara Jawa. Prabédané dumunung ing lekukan wangun Aksara.
Aksara Bali cacahé 47 karakter, 14 ing antarané wujud aksara swara utawa vokal. Aksara wyanjana utawa aksara konsonan cacahé 33 karakter. Aksara wyanjana Bali kang biyasa dipigunakaké cacahé 18 karakter. Uga ana aksara wyanjana Kawi kang dipigunakaké ing tembung-tembung tinamtu, mligi tembung-tembung kang diprabawai Basa Kawi lan Sangskerta.
Sanadyan ana aksara wyanjana Kawi kang isi intonasi nada tinamtu, pangucapané kerep disetarakan karo aksara wyanjana Bali. Umpamané, aksara dirgha (pangucapan dawa) kang kuduné diwaca dawa, kerep diwaca kaya aksara hresua (pangucapan cendhak).