Aktuil ya iku kalawarti berita kang akèh ngemot karya sastra.[1] Kalawarti iki diterbitake CV. Aktuil ana Bandung.[1] Pimpinan rédhaksiné B. Juyanto lan Toto Rahardjo.[1] Ana ruang mirunggan sastra ya iku Prokem kanthi rédhaktur Nurhadie Irawan.[1] Ing 1980, kalawarti iki ngemot lembaran mirunggan penyair.[1]
Aktuil lair saka kasarujukan.[2] Prakarsane teka saka Denny Sabri Gandanegara, kontributor kalawarti Discorina, Yogyakarta.[2] Dhèwèké ora puas karo kalawarti anggoné makarya kang mung ngemot profil musik lan kunci lagu.[2] Dhèwèké ketemu Bob Avianto, juru tulis lepas masalah perfilman.[2] Saka omong-omong, wong loro iku tekan omongan serius kanggo nggawé kalawarti hiburan.[2]
Dijenengi Aktuil gara-gara sing padha nggawé agi gandrung karo kalawarti Actueel saka Landa.[2]