Alas pagunungan utawa alas montana (montane forest) iku formasi alas tropika teles sing dumadi ing wewengkon pagunungan. Salah siji ciriné, alas iki kerep dislimuti méga, lumrahé ing èlevasi dhuwur tajuk (kanopi)né. Wit-witan lan lemah ing alas iki kerep katutup déning lumut, sing thukul ngrembaka. Amarga saka iku, formasi alas iki uga dijenengaké alas lumut, alas kabut, utawa alas méga (cloud forest).
Tabel perbandingan karakter patang formasi alas tropika teles.[1][2]
Karakter | Alas dhataran cendhèk | Alas submontana | Alas montana | Alas subalpin |
---|---|---|---|---|
Dhuwur tajuk | 25–45 m | 15–33 m | 1,5–18 m | 1,5–9 m |
Dhuwur wit sembulan | 67 m | 45 m | 26 m | 15 m |
Kelas ukuran godhong | mesofil | notofil utawa mesofil | mikrofil | nanofil |
Banir (oyod panopang) | umum, gedhé | ora umum utawa cilik | lumrahé ora ana | ora ana |
Kauliflori | umum | arang | ora ana | ora ana |
Godhong majemuk | akèh | ana | arang | ora ana |
Godhong panètès | akèh | ana utawa umum | arang utawa ora ana | ora ana |
Liana mawa kayu | akèh | lumrahé ora ana | ora ana | ora ana |
Wit-witan ngrambat | lumrahé akèh | umum utawa akèh | arang banget | ora ana |
Anggrèk-anggrèkan | umum | akèh | umum | arang banget |
Lumut lan liken | ana | ana utawa akèh | lumrahé akèh | akèh |