Ali bin Abi Tholib iku salah sijiné khalifah, miyos wonten ing Mekah taun 599 Masehi. Sahabat raket sarta mantuné Rasulullah saw, uga seduluré Rasul saka garis keturunan Abdul Mutholib. Ali uga salah sijiné saka papat Khulafaur Rasyidin (Abu Bakar Ash Shidiq, Umar bin Khattab, Utsman bin Affan, lan Ali bin Abi Tholib) kang dadi pambéla nabi lan nyebaraké Islam sapungkuré Rasululloh SAW.
Jeneng asliné yaiku Haydar bin Abu Tholib, putra saka pakliké Muhammad. Asma ibuné Fatimah binti Asasd. Haydar artiné singa, yaiku salah sijiné penggayuh kang dikepéngini Abu Tholib suk mbèné dadi petarung sajati ing kalangan suku-suku Kurès. Jeneng Ali pèwèhan saka Muhammad kang artinè dhuwur drajatè ing sandhingè Allah.