Alkaloid ya iku salah sijiné golongan senyawa basa kanthi nitrogen kang akèh-akèhé heterosiklik lan katemokaké ing wit-witan (nanging uga bisa katemokaké ing kéwan). Asam amino, peptida, protéin, nukleotid, asem nukleik, gula amino lan antibiotik lumrahé ora éwoning alkaloid. Lan kanthi prinsip kang padha, senyawa nétral kang kanthi biogenetik gegandhèngan karo alkaloid kalebu ing golongan iki.[1]