Sri Susuhunan Amangkurat Agung utawa dicekak Amangkurat I iku ratu Kasultanan Mataram kang mréntah taun 1646-1677. Panjenengané iku putra saka Sultan Agung Hanyokrokusumo. Panjenengané akèh ngalami pambrontakan ing sajeroning mangsa papréntahané. Panjenengané tilar donya sajeroning pelarian taun 1677 lan disarèkaké ing Tegalwangi (cedhak Tegal), saéngga misuwur uga kanthi jejuluk anumerta Sunan Tegalwangi utawa Sunan Tegalarum. Jeneng liyane yaiku Sunan Getek, amarga panjenengané ketaton nalika numpes pambrontakan Mas Alit, adhiné dhéwé.