Ambu utawa ganda iku saka anané dat kimia, lumrahé wujud wujud gas kanthi konsèntrasi èncèr (cendhèk), kang ketampa liwat indra pangambu. Ambu bisa wujud ambu kang sedhep utawa ambu kang kurang énak. Aroma kang énak asring dianggo sajeroning panganan, pewangi ruangan, parfum, bumbu masakan lsp.