Angsang

Angsang
Angsang Iwak Tuna
Pengenal
MeSHD005880
Terminologi anatomi

Angsang inggih punika piranti ambegan ulam (iwak) (Pisces).[1] Kajawi kanggé piranti ambegan, angsang ugi gadhah mupangat kanggé piranti ekskresi sarem, nyaring panganan, piranti ijol ion, kaliyan osmoregulator.[1] Sawetawis jinis ulam gadhah labirin ingkang saged miyaraken angsang manginggil kaliyan mbentuk lempitan-lempitan, saéngga gronggonganipun boten tumata.[1] Labirin punika kaginanipun nyimpen sèrepan oksigèn, saéngga ulam tahan ing kaanan ingkang kirang oksigèn.[1] Ulam ingkang balungipun sajati (Osteichthyes), angsangipun dijangkepi tutup angsang ingkang dipunwastani operkulum.[2] Déné ulam ingkang balungipun rawan (Chondrichthyes), angsangipun boten gadhah tutup angsang.[2]

  1. a b c d Alat Pernafasan Hewan Archived 2012-11-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 28 Oktober 2012)
  2. a b Sistem Pernafasan Ikan Archived 2014-04-19 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 28 Oktober 2012)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne