Anthozoa

     

Anthozoa yaiku kelas saka kulawarga Avertebrata utawa kéwan ora duwé balung mburi kagolong ing filum Cnidaria. Anthozoa asalé saka basa Yunani, anthos kang artiné kembang, lan zoon artiné kéwan. Anthozoa artiné kéwan kang wujudé kaya kembang utawa kéwan kembang, kaya ta anemon sagara lan kéwan-kéwan karang. Anthozoa duwé asifat polip. Tuladha anemone sagara yaiku Metridium.[1]

  1. D. A. Pratiwi; Maryati, Sri; Srikini; Suharno; S, Bambang. 2007. Biologi Jilid 1 untuk SMA Kelas X hal 177. Jakarta. Penerbit Erlangga Archived 2023-09-24 at the Wayback Machine. Diungguh ing tanggal 23 Maret 2011

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne