![]() |
Apollo | |
---|---|
Apollo wis dikenal minangka dewa panahan, musik lan beksa, ramalan lan wangsit, uga bisa nambani lan mènèhi lelara. Srengèngé lan cahya, sastra, uga liya-liyané | |
![]() Apollo Belvedere, c. 120–140 CE |
Apollo yaiku salah sijiné déwa kang wigati banget lan akèh duwèni déwa-déwa Olympian ing agama Yunani lan Romawi klasik, Yunani lan Romawi. Gustiné wong-wong Yunani, Apollo wis dikenal minangka dewa panahan, musik lan beksa, ramalan lan wangsit, uga bisa nambani lan mènèhi lelara. Srengèngé lan cahya, sastra, uga liya-liyané. Dhèwéké putrané Zeus lan Leto, lan sedulur kembar saka Artemis. Katon minangka déwa kang paling bagus lan becik saka kouros (ephebe, utawa pemuda kang keker), Apollo dianggep déwa kang paling penting ing Yunani ketimbang déwa liyané . Apollo dikenal ing mitologi Etruscan awit ing jaman Apulu.[1] Minangka déwa kang njaga Delphi (Apollo Pythios). Apollo uga déwa kang nulungi lan nalangi bebaya. Manèka werna kitab kang nyebut dhèwéké "averter saka bebaya". Delphic Apollo minangka salah sawijiné pelaut, wong lan pelindhung buronan lan pengungsi.
Kapabilitas Apollo kanggo nggawé para pemudha iku minangka salah sawijininé aspèk kang paling apik babagan persona kultus panhellenic. Minangka dadi déwa bocah enom (kourotrophos), Apollo prihatin karo kesehatan lan pendhidhikan wong enom. Mula, dhèwéké nuntun kanthi diwasa. Carané, rambut dawa, iku kang biyasané dai hak prèrogatif bocah lanang, dipotong nalika tekané diwasa (ephebeia) lan dikhususaké utawa diparingaké kanggo Apollo. Apollo minangka déwa pastoral kang penting, lan dadi panjaluk wong angon lan diangon. Pangayoman ternak, wedhus lan tanduran saka lelara, ama lan prèdator minangka jejibahan utamané.[1]
Saliyané iku Apollo uga nyengkuyung kutha anyar lan konstitusi sipil. Piyambakipun magepokan kaliyan panguwaosan kolonis. Dhèwéké dadi ahli ukum, lan wangsit kasebut dijaluk sadurungé mènehi undhang-undhang ing sawijining kutha. Minangka dewa Mousike (seni Muses), Apollo nguwasani kabèh genre, lagu, tari lan puisi. Dhèwéké minangka panemu alat musik senar. Lan kanca kang asring mèlu Muses, kang biyasané mandhègani prayaan. Mula, iku dadi atribut umum Apollo. Ing jaman Hellenistic, utamané ing abad kaping 5 SM, nalika Apollo Helios dhèwéké dikenal ing antarané wong Yunani karo Helios, déwa Titan srengèngé. Ing teks Latin, nanging ora ana konflik Apollo karo pujangga Latin klasik nganti kaping 1 SM. Apollo lan Helios/ Sol tetep dadi makhluk-makhluk kapisah ing teks sastra lan mitologi nganti abad ka-5 Masèhi.[2] Kedokteran lan obat-obatan kang ana gandhèngané karo Apollo, apa wae liwat déwa kasebut dhèwé utawa médhiasi liwat putrané Asclepius. Apollo ngluwari wong saka lelara, nanging dhèwéké uga déwa kang bisa nandhang penyakit uga lara lan manah. Panemuwan ing panahan kasebut dikonversi karo Apollo lan adhiné Artemis. Apollo biasané digambaraké nggawa busur emas lan gandhewa panah salaka.