![]() |
Apollo (basa Yunani: Απόλλων, Apóllōn; utawa Απελλων, Apellōn) ya iku Déwa cahya, musik, pemanah, pangobatan, srengéngé, lan penyair ana ing mitologi Yunani lan mitologi Romawi.[1] Apollo iku putra saka Zeus lan Leto lan sadulur kembar Artemis.[1] Orakelé ing Delphi misuwur banget.[1] Akèh wong saka saubengé Yunani nekani orakelé kanggo meruhi ramalan mangsa ngarepé. Sajeroning mitologi Etruska, Apollo dikenal minangka Apullu.[1] Apollo disembah déning wong Yunani kuna lan déning wong Romawi kuna.[1] Apollo duwé busur kang digawé saka emas.[1] Wit salam, manuk gagak, lan kéwan lumba-lumba dikeramatke kanggo ngormati Apollo.[1] Pengobatan lan penyembuhan dikaitkan marang Apollo utawaanake marang anak-anaké, Asklepios (déwa pangobatan), amarga Apollo dianggep dadi déwa kang nggawa kaséhatan, lan tamba lelara wabah.[1] Minangka déwa musik, Apollo ya iku pandhega saka para Muse (dewi musik lan nyanyian).[2] Hermes nyipta lira kanggo Apollo lan piranti musik mau dadi atribut kang wigati tumrap Apollo.[2] Himne kang dinyanyike kanggo Apollo karan paian.[2] Nalika jaman Yunani kuna, mligi ana ing abad katelu Sadurungé Masehi, Apollo digandhèngaké karo Helios (déwa srengéngé) lan dulure wadon, Artemis, dikaitaké karo Selene (dèwi wulan).[2]