ARA | |
---|---|
![]() | |
Cekakan | Ara[1] |
Genitif | Arae[1] |
Asensio rekta | 17.39 |
Deklinasi | −53.58 |
Area | 237 derajad pesagi (#63rd) |
Lintang utama | 8[1] |
Lintang Bayer/Flamsteed | 17 |
Lintang mawa planèt | 7 |
Lintang padhang | 2 |
Lintang cedhak | 3 |
Lintang paling padhang | β Ara (2.84m) |
Lintang paling cedhak | Gliese 674 ( tc) |
Obyèk Messier | 0 |
Udan météor | None |
Rasi lintang sing wewatesan | |
Katon antara lintang +25° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi July. ' | |
Ara inggih punika salah satunggaling rasi lintang saking 48 rasi lintang Yunani ingkang dipundhaptar wonten ing abad kaping kalih déning asronom Walandi, Ptolemy lan sampun mlebet 88 rasi lintang modhèren ingkang sampun dipundhaptar déning International Astronomical Union. Rasi lintang Ara mapan wonten ing wilahan langit sisih kidul, ing sak kidulipun garis khatulistiwa. Rasi lintang Ara mapan wonten ing antawisipun rasi lintang Scorpius lan Triangulum Australe. Ara inggih maujud saking tembung "altar" ing basa Latin. Wonten ing mitos Yunani, Ara inggih padatanipun dipun-ginakaken kanggé mratandhani altar wonten ing sak nginggiling pedhang déwa Zeus sadèrèngipun perang kaliyan Titans. Wonten ing cariyos sanèsipun, Ara nggambaraken altar minangka papan panggènanipun raja Arcadian saking karajan Lycaon ngorbanaken putranipun ingkang jaler lan ngintun putranipun minangka lawuhipun déwa Zeus.
Rasi lintang Ara gadhah laladan ingkang ambanipun kirang langkung 237 drajat pesagi, lan ngewrat sekawan lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +25° lan-90° lan badhé ingkang saé piyambak dipuntingali ing jam 9 ndalu ing salebetipun wulan Juli.