Asem asetat

Barkas:Asem cuka.jpg
asem asetat
Asam asetat
Informasi
Nama sistematis Asam etanoat
Asam asetat
Nama alternatif Asam metanakarboksilat
Asetil hidroksida (AcOH)
Hidrogen asetat (HAc)
Asam cuka
Rumus molekul CH3COOH
Massa molar 60.05 g/mol
Densitas dan fase 1.049 g cm−3, cuwèran
1.266 g cm−3, padatan
Titik lebur 16.5 °C (289.6 ± 0.5 K) (61.6 °F)[1]
Titik didih 118.1 °C (391.2 ± 0.6 K) (244.5 °F)[1]
Penampilan Cairan tak berwarna atau kristal
Keasaman (pKa) 4.76 padha 25 °C

Asam asetat (asem etanot) utawa asem cuka ya iku senyawa kimia asem organik kang dikenal minangka bahan kang bisa mènèhi rasa kecut lan aroma ing salebeté panganan. Asam cuka duwé rumus èmpiris C2H4O2.[2] Rumus iki kerep ditulis ing wujud CH3-COOH. Asem asetat murni (karan asem asetat glasial) ya iku cuwèran higroskopis kang ora duwèni warna, lan duwèni titik beku 16.7C. Asam asetat wujud salah sijiné asem karbosilat kang paling prasaja, sak wisé asem format. Larutan asem asetat sajeroning banyu wujud salah sijiné asem lemah, artiné namung terdisosiasi minangka ion H+ lan CH3COO. Asam asetat wujud pereaksi kimia lan bahan baku indhustri wigati. Asam asetat digunakaké sajeroning produksi polimer kaya ta polietilena tereftalat, solusaasetat, utawa warna-warna serat lan gombal. Sajeroning produksi panganan, asem asetat digunakaké minangka ngatur rasa kecut. Ing omah-omah asem asetat èncèr uga kerep digunakaké minangka pelunak banyu. sajeroning setahun, kebutuhan donya déning asem asetat nganti 6,5 juta ton pertaun. 1,5 juta ton pertaun dihasilak ésaka daur ualang, turahané diasilaké saka indhustri petrokimia utawa sumber hayati.[3]

  1. a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2004-11-17. Dibukak ing 2012-10-22.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. [1], (Kaunduh 22/10/12).
  3. [2], Kaunduh 22/10/12.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne