Asma kucing ya iku alèrgi ing sistem pernapasan kang lumrahé dialami déning kucing. Udakara 1% kucing diwasa ing saindenging jagad kang kena lelara iki. Asma kucing minangka lelara progresif kronis kang ana obaté. Tandha-tandhané ya iku mengi, watuk, lan bronkokonstriksi kang bisa nyebabaké pati. Dinuga lelara iki saya akèh amarga dhuwuré paparan polutan industri.