Astronom

Tuladha satunggaling astronom

Astronom inggih punika satunggaling ahli astronomi utawi tiyang ingkang sinau babagan kaanan ing langit kados ta rembulan, planit, lintang-lintang, nebula saha galaksi, ugi kaanan fisik, kimia, lan évolusi saking saben objèk kasebat, saha nyinaoni bab fénoména ingkang kadadosan wonten ing sak njawining atmosfèr bumi (kados ta jeblugan supernova, kobongipun sinar gamma, lan kosmik ing sak wingkingipun radhiasi).

Miturut sujarahipun, astronomi inggih langkung lebet ndhudhah bab klasifikasi lan andharanipun saking féoména-fénoména ingkang kadadosan ing langit, kalebet astrofisik. Déné èlmu astrofisika piyambak nyobi kanggé ngandharaken fénoména lan pabédan ingkang kadadosan kanthi ngginakaken ukum-ukum fisika.

Astronom profésional inggih punika satunggaling tiyang ingkang sampun gadhah tingkat pendhidhikan ingkang inggil lan padatanipun gadhah sesebatan PhD wonten ing babagan fisika utawi astronomi lan dipunsuwun kanggé nyambut damel wonten ing satunggaling lembaga panalitèn utawi universitas.[1] Para astronom padatanipun nelasaken wekdalipun kanggé makarya wonten ing babagan panalitèn, sanajan piyambakipun langkung asring gadhah tugas sanèsipun kanggé mucal, ndamel instrumèn, utawi mbiyantu wonten ing oprasi satunggaling observatorium. Déné cacahipun astronom profésional wonten ing Amérika Sarékat ing kasunyatanipun namung wonten sakedhik. Wonten ing American Astronomical Society, ingkang minangka organisasi ingkang paling wigatos saking astronom profésional ing Amérika Lèr, inggih gadhah anggota kirang langkung 7.700 anggota. Cacahipun astronom punika ugi kalebet èlmuwan saking babagan sanèsipun kados ta fisika, géologi, lan engineering, ingkang panalitènipun gadhah gegayutan kaliyan babagan astronomi.[2] Déné anggota saking International Astronomical Union piyambak wonten kirang langkung 10.145 anggota saking 70 nagara ingkang bènten-bènten ingkang kalebet sesarengan kanggé nliti astronomi ing tingkat PhD lan saking njawi.[3]

  1. "Frequently Asked Questions About Becoming an Astronomer". NOAO. Diarsip saka asliné ing 3 April 2009. Dibukak ing 29 Maret 2009.
  2. "American Astronomical Society Home". AAS. Diarsip saka asliné ing 2009-08-02. Dibukak ing 14 Agustus 2009.
  3. "About IAU". IAU. Dibukak ing 14 Agustus 2009.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne