Badan Informasi Geospasial

Badan Informasi Geospasial

Badan Informasi Geospasial (utawi ingkang asring dipuncekak BIG) sadèrengipun inggih gadhah nama Badan Koordinasi Survei dan Pemetaan Nasional (utawi ingkang asring dipuncekak Bakosurtanal) inggih punika salah satunggaling lembaga pamaréntah nonkementerian Indonésia ingkang tugasipun kanggé nindakaken tugas pamaréntahan ing bidhan informasi geospasial. BIG mapan wonten ing sak ngandhapipun lan gadhah tanggel jawab dhateng Présidhèn lan dipunpandhegani déning satunggaling kepala. Dr. Asep Karsidi, M.Sc. sapunika ingkang njabat dados Kepala BIG dhedhasar Dudutan Présidhèn Nomor 29/M Taun 2012. Kanggé nindakaken tugas lan fungsinipun, BIG dipunkoordhinasikaken déning Mantri Riset lan Teknologi. Déné kanggé nindakaken tugasipun, BIG gadhah fungsi kados makaten:[1]

  1. Nliti, ndhudhah lan nyusun kawicaksanan nasional ing babagan survei lan pemetaan;
  2. Mbangun infrastruktur dhata spasial nasional;
  3. koordinasi kegiyatan fungsional kanggé nindakaken tugas BIG
  4. Ningali lan ngecek, paring wewarah, lan mbina dhateng kegiyatan instansi pamaréntah ing babagan survei lan pemetaan nasional;
  5. Nindakaken pembinaan lan pelayanan administrasi umum ing babagan perencanaan umum, ketatausahaan, organisasi lan tata laksana, kepegaweyan, kauangan, kearsipan, hukum, persandian, perlengkapan, lan rumah tangga.
  1. TUGAS DAN FUNGSI Archived 2013-01-26 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 7 Pebruari 2013)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne