Badan Narkotika Nasional

Cithakan:Infobox lembaga nonstruktural Indonésia

Badan Narkotika Nasional (ingkang asring dipuncekak BNN) inggih punika salah satunggaling lembaga pamaréntah nonkementerian (LPNK) Indonésia ingkang gadhah tugas kanggé nindakaken tugas pamaréntahan ing babagan nyegah lan mbrastha psikotropika, prekursor, lan bahan adiktif sanèsipun kejawi bahan adiktif kanggé tembakau lan alkohol ingkang dipun-ginakaken kanthi sakersanipun piyambak lan wonten ing peredaran gelap. BNN dipunpandhegani déning satungaling kepala ingkang gadhah tanggel jawab dhateng présidhèn kanthi ngawontenaken koordinasi kaliyanKepala Kepulisian Nagara Républik Indonésia. Dhasaring hukum BNN minangka LPNK inggih punika saking Peraturan Présidhèn Nomor 23 Tahun 2010. Saderengipun, BNN inggih lembaga nonstruktural ingkang dipunbentuk dhedhasar Dudutan Présidhèn Nomor 17 Tahun 2002, ingkang salajengipun dipun-gantos kanthi wontenipun Peraturan Présidhèn Nomor 83 Tahun 2007.[1][2]

  1. Peraturan Presiden Républik Indonésia Nomor 23 Tahun 2010(dipunundhuh tanggal 2 Pebruari 2013)
  2. Peraturan Presiden Républik Indonésia Nomor 83 Tahun 2007[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 2 Pebruari 2013)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne