Badan Nasional Penanggulangan Bencana

Cithakan:Infobox lembaga nonstruktural Indonésia

Badan Nasional Penanggulangan Bencana (utawi ingkang asring dipuncekak BNPB) inggih punika salah satunggaling Lembaga pamaréntah Non Departemen Indonésia, ingkang gadhah tugas kanggé mbiyantu Présidhèn Républik Indonésia kanggé ngoodinasikaken, ngrencanakaken, lan nindakaken kegiyatan nangan bencaa lan prahara kanthi terpadu, saha nindakaken siyaga tanggep darurat saking sadèrèngipun wonten bencana, nalika wonten bencana, lan sasampunipun wonten bencana ingkang tahap nyegah, siyap siyaga, nangani darurat, lan kanggé mulihaken bencana. BNPB dipunbentuk dhedhasar Peraturan Présidhèn Nomor 8 Taun 2008. Ing sadèrèngipun badan punika gadhah nama Badan Koordinasi Nasional Penanggulangan Bencana ingkang maujud dhedhasar Peraturan Présidhèn Nomor 83 Taun 2005, nggantosaken Badan Koordinasi Nasional Penanggulangan Bencana lan Penanggulangan Pengungsi ingkang dipunbentuk dhedhasar Dudutan Présidhèn Nomor 3 Taun 2001.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne