Bakmi Jawa

Bakul Bakmi Jawa
Bakmi Jawa
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokEndhog
Buku masakan: Bakmi Jawa  Médhia: Bakmi Jawa

Bakmi Jawa ya iku panganan bakmi saka Jawa mligi Daerah Istimewa Yogyakarta lan Jawa Tengah kang nduwé rasa unik lan khas Jawa.[1] Bahan kang dianggo bakmi Jawa ya iku mi teles. Cara masaké uga nganggo areng. Keluk saka areng iku kang bisa mènèhi aroma lan cita rasa khas ing mi.[1] Panganan kaya iki akèh didol ing tlatah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Saliyané bakmi Jawa, padatan panganan liya kang uga didol ing warung bakmi Jawa ya iku bakmi godhog, bakmi goreng, sega gorèng, lan magelangan (campuran sega lan mi gorèng).[1] Désa Piyaman, Wonosari, Gunungkidul minangka salah sijining désa kang ngasilaké bakul bakmi Jawa.[2] Ana 600 kulawarga utawa watara saprotelon saka sakabèhaning warga ing désa mau nyambut gawé minangka bakul bakmi Jawa. Bakul-bakul saka désa iki wis sumebar tekan kutha-kutha gedhé ing Indonésia.[2] Profesi iki wis turun tumurun saka wong tuwa menyang anak-anaké. Wiwit isih nom-noman, bocah-bocah wiwit diajak nggawé bakmi Jawa.[2]

  1. a b c Cita Rasa Bakmi Jawa yang Menggoda (12 Agustus 2011)
  2. a b c Mi Mbah Wito (2): Désa Piyaman, Gudang Pedagang Bakmi Jawa (12 Agustus 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne