Artikel iki butuh cathetan sikil kanggo pamesthèn. Sampéyan kena mbiyantu ndandani artikel iki kanthi nambahaké cathetan sikil saka rujukan sing pinercaya. Pérangan sing tanpa rujukan bisa dibusak sawayah-wayah. |
Banjir blethok panas Sidaharja utawi ingkang misuwur kanthi nama bencana Blethok Lapindo inggih punika prastawa medalipun blethok panas ing lokasi pangeboran Lapindo Brantas ing Dusun Balongnongo Désa Renokenongo, Kacamatan Porong, Kabupatèn Sidoarjo, Jawa Timur, wiwit tanggal 29 Mèi 2006. Medalipun blethok panas ingkang sampun dangu punika njalari kathah kawasan perumahan, tani lan indhustri ing tigang kecamatan ing sakiteripun, saha paring pangaribawa dhateng lampahing kegiyatan ékonomi ing Jawa Wétan.