Banua

Banua ya iku siji teritorial/kawasan kang dumadi saka gabungan sapérangan kampung kang ana ing Kalimantan Selatan ing mangsa Kesultanan Banjar lan mangsa kolonial Hindia Belanda. Ing saben banua ana siji sistem kemasyarakatan kang sinebut Sasangga Banua. Sawijining banua dibawahi siji Damang. Gabungan banua (onderdistrik) mbentuk siji distrik kang sinebut lalawangan utawakatamanggungan (tlatah kang kabawah siji Tumenggung/Tamanggung)

Istilah Banua serumpun karo istilah basa Tahiti: fenua, basa Maori: whenua, basa Rarotonga: enua, basa Hawai: honua, basa Fiji: vanua.

Sawijining Banua setara karo siji kecamatan/onderdistrik. Banua kadhang mung setara karo siji mukim ing Acèh.

Tuladhané ing Distrik Benua Empat kapérang saka 4 banua ya iku

  1. Banua Padang (saikine kecamatan Tapin Utara, Tapin)
  2. Banua Halat (saikine kecamatan Bungur, Tapin)
  3. Banua Parigi (saikine sapérangan tlatah kecamatan Bakarangan, Tapin)
  4. Banua Gadung (saikine sapérangan tlatah kecamatan Bakarangan, Tapin).

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne