Basa Jepang | ||
---|---|---|
日本語 [Nihongo] | ||
Dituturaké ing | Jepang, Guam, Kapuloan Marshall, Palau, Taiwan | |
Wilayah | Asia Timur, Oseania | |
Gunggung panutur | 127 juta | |
Ranking | 8 | |
Rumpun basa | ||
| ||
Status resmi | ||
Basa resmi ing | Jepang (de facto), Angaur (Palau) | |
Regulated by | Pamaréntah Jepang | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | ja
| |
ISO 639-2 | jpn Cithakan:Infobox Language/SIL14
| |
ISO 639-3 | – | |
|
Basa Nippon (basa Jepang) (Aksara Jawa: ꦧꦱꦤꦶꦥ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀ ꧈ ꦧꦱꦗꦼꦥꦁ ) rungokna (pitulung·info) (日本語; romaji: Nihongo) iku nagarabasa ing Nippon lan cacahing panyatur 127 yuta wong.
Basa Nippon uga dipigunakaké déning sawatara sing ndunungi nagara sing tau ditelukake kaya Korya lan Républik Cina. Basa iki uga bisa dirungokaké ing Amérika Sarékat (Keliforn'yah lan Haway) lan Brasil lantaran pindhahing wong Jepang mrana. Nanging, tedhak turuning wong Jepang sing diarani nisei (二世, angkatan kaloro), wis ora wasis basa mau.
Basa Jepang kapérang rong wangun ya iku Hyoujungo (標準語), carabasa baku, lan Kyoutsugo (共通語), carabasa lumrah. Hyoujungo iku wangun sing diajaraké ing sekolah lan dipigunakaké ing télépisi lan kabèh kaanan resmi.