Bahasa Nasal | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Indonesia | |
Wilayah | Sumatera | |
Gunggung panutur | 3.000 (2013)[1] | |
Rumpun basa | ||
| ||
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | –
| |
ISO 639-3 | nsy
| |
|
Basa Nasal yaiku basa kang ana ning wewengkon Bengkulu Kidul, Sumatera, Indonésia[2]. Sekien daérah kang nuturaken basa Nasal ana ning Kabupatén Kaur, Provinsi Bengkulu, uga parek bari wates Provinsi Lampung. Basa iki ana ning telung désa, yaiku Tanjung Betuah lan Gedung Menung ning Kacamatan Muara Nasal lan Tanjung Baru, Kacamatan Maje[2]. Masarakat kang nuturaken basa Nasal akéhé nganut agama Islam. Masarakat Nasal pegawéané ning babagan agraris atawa tani, sanajan daérahé parek karo sagara. Air Nasal yaiku aran kali kang dadi aran kelompok basa iki. Air iku tegesé kali/kalén. Penutur basa Nasal cacahé kegolong setitik yaiku kira-kira 3.000 wong. Daérah basa Nasal ana ning antara daérah basa dialék Melayu (Basa Kaur, Serawai, Melayu Bengkulu, Semenda) lan dialék basa Lampung Krui. Miturut Anderbeck lan Aprilani (SIL 2013), basa Nasal manjing kelompok basa isolat ning basa Malayo-Polinesia.
Basa iki wis ilok diteliti taun 1895 lan diterbitaken ning Holle series. Sing keloro dicatet ning buku panalitèn Pemetaan Bahasa Daerah di Sumatra Barat dan Bengkulu[3]. Uga ketelu dibahas karo Anderbeck (2007), dhèwèké nyimpulaken yèn basa Nasal ana kemungkinan manjing dialék basa Lampung. Anderbeck nganggo data sing Holle kanggo rekonstruksi basa Proto-Lampung.