Sangsekerta | ||
---|---|---|
saṃskṛtam | ||
Gambar:Sanskrtam devanagari javanese.png | ||
Pronunciation | [səmskr̩t̪əm] | |
Dituturaké ing | India Agung | |
Gunggung panutur | — | |
Rumpun basa | ||
| ||
Sistem tulisan | Tanpa aksara asli. Ditulis nganggo manéka aksara saka kulawarga Brahmi.[1] | |
Status resmi | ||
Basa resmi ing | India | |
Regulated by | No official regulation | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | sa
| |
ISO 639-2 | san
| |
ISO 639-3 | san
| |
|
Basa Sangsekerta/ Sangskretā (Jawa: ꦨꦴꦰꦱꦁꦱ꧀ꦏꦽꦠꦩ꧀), (saṃskṛtam , asliné ing aksara Déwanagari संस्कृता वाक् saṃskṛtā vāk, "basa rinengga") iku basa Indo-Éropa sing lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu sing dawa dhéwé, tèks tuwa dhéwé ing basa iki, Rgwéda dianggit ing watara taun 1500 SM.[2] Basa Indo-Éropa liyané sing bisa nandhingi 'umuré' basa iki saka kulawarga basa Indo-Éropa namung basa Hitit.[3] Basa Sangsekerta iku basa suci utama agama Hindhu lan Buda.[4] Saiki basa iki kalebu salah siji saka 22 basa resmi ing India. Banjur ing praja Uttarakhand.
basa Sangsekerta Klasik iku basa sing wis dibakokaké déning Pāṇini, ing layang paramasastrané ing watara abad kaping 4 SM. Posisi basa iki ing anak bawana India lan Asia Kidul Wétan mèmper karo posisi basa Latin lan Yunani ing Éropa minangka basa Klasik. Basa Sangsekerta ndarbèni pangaribawa sing gedhé marang sapérangan gedhé basa ing anak bawana India lan uga ing Asia Kidul Wétan.
Basa Sangsekerta saka mangsa pra-klasik diarani basa Sangsekerta Wéda. Basa iki sing dienggo ngripta Rgwéda lan mbokmanawa wis dienggo wiwit taun 1500 SM.
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Banerji 1989