Baya (bajul) Kalamangsa: Late Cretaceous - Saiki | |
---|---|
![]() | |
Baya Nil | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Sauropsida |
Ordho: | Crocodilia |
Famili: | Crocodylidae Cuvier, 1807 |
Genera | |
Pirsani princèné ing taksonomi. |
Baya utawa kerep mau bajul (Jawa Kuna wuhaya) ya iku reptil sing awak'e gedhé sing urip ing banyu. Sacara ilmiah, baya nyakup kabèh spésies kulawarga suku Crocodylidae, kalebu uga baya iwak (Tomistoma schlegelii). Sanadyan mangkono jeneng iki bisa uga kanthi longgar kanggo nyebut ‘baya’ aligator, kaiman lan gavial; ya iku krabat-krabat baya saka suku liya.
Baya racaké manggon ana ing banyu tawar kaya ta kali, tlaga, rawa lan papan panggonan kang teles, nanging ana uga kang manggon ana ing banyu payau kaya baya muara. Pangonone baya kaya ta bangsa iwak, reptil lan mamalia, kandhang uga mangan moluska lan krustasea gumantung spesiese. Baya kagolong kéwan purba, sing ngalami evolusi sithik awit jaman dinosaurus.
Ana uga jeneng liyané baya, kaya déné buhaya (Sd.); buhaya (bjn); bicokok (Btw.), bekatak, utawa baya kodhok kanggo ngarani baya kang duwé awak cilik nanging lemu; senyulong, baya jolong-jolong (Mly.), utawa baya julung-julung kanggo ngarani baya iwak; baya pandan, ya iku baya kang wernane ijo; baya tembaga, baya kang wernane kuning semu soklat; lan liya liyané.