Bedugul

Tlaga Buyan ing Bedugul Bali

Bedugul mujudaken salah satunggalipun obyèk wisata ing Bali, ingkang dumunung wonten ing pagunungan dhataran inggil ingkang éndah lan asri. Ing Bedugul para wisatawan saged mirsani sesawanganipun tlaga Beratan lan Pura Ulun Danu. Kekalihipun dumunung wonten ing dhusun Candhi Kuning, Kacamatan Baturiti, Tabanan. Tebihipun kirang langkung 70 kilomèter saking panggènan wisata Kutha utawi Papan anggegana internasional Ngurah Rai. Wangunan ingkang wonten ing kawasan wisata Bedugul punika kagolong yasan ingkang sampun dangu, nanging taksih resik lan asrep.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne