Bekicot | |
---|---|
![]() | |
Achatina fulica di Bali | |
NE[1]
| |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Mollusca |
Klas: | Gastropoda |
Superfamili: | Achatinoidea |
Unranked: | clade Heterobranchia
informal group Pulmonata |
Famili: | Achatinidae |
Subfamili: | Achatininae |
Génus: | Achatina |
Subgénus: | Lissachatina |
Spésies: | A. fulica |
Jeneng binomial | |
Achatina fulica (Férussac, 1821) |
Bekicot utawa Achatina fulica[2] ya iku sijining gastropoda darat kang ginolong ing suku Achatinidae.
Kéwan iki asalé saka Afrika Wétan banjur sumebar ing kabèh nagara amarga kegawa prau dagang, utawa sengaja digawa kanggo ingon-ingon utawa sumber pangan lan sabanjuré dadi spésies invasif paling ala lan gawé rusak ing bumi[3], sahengga pira-pira nagara gawé aturan kang nyegah wargane ndadekakae kéwan iki ingon-ingon[4] kalebu Amerikah Sarekat. Kéwan iki rumatane gampang lan ing pira-pira panggon uga dipangan, kalebu ing Indonesia. Sanajan bisa uga nggawa parasit, bekicot ingon racaké ora nggawa parasit. Parasit kang digawa ya iku jinis cacing Angiostrongylus cantonensis kang njalari meningitis tumrape manungsa, kang nular kanthi cara mangan bekicot mentah utawa ora diolah kanthi sampurna.