Besar, uga diarani Dulkijah utawa Rayagung iku sasi karolas ing Kalèndher Jawa. Umur utawa cacahing dina ing kalèndher Jawa iku saben taun ora ajeg. Nanging kanggo sasi Besar iki cacahing dina ana ing taun 1 /kapisan (Alip), 3 /katelu (Jimawal), 6 /kaenem (Bê), 7 /kapitu (Wawu) umuré 29 dina. Déné ing taun 2 /kapindho (Éhé), 4 /kapapat (Jé), 5 /kalima (Dal) lan 8 /kawolu (Jimakir) umuré 30 dina.
Kanggo luwih cethané, umur utawa cacahing dina ing sasi kalèndher Jawa bisa mirsani tabel ing ngisor iki:
Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa (Kalèndher Sultan Agung | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Jeneng wulan Jawa | Jeneng wulan Islam | Taun Jawa 1,3,6,7 |
Taun Jawa 2.4.8 |
Taun Jawa 5 |
|||||
Sura | Muharram | 30 | 30 | 30 | |||||
Sapar | Safar | 29 | 29 | 30 | |||||
Mulud | Rabiul awal | 30 | 30 | 29 | |||||
Bakdamulud | Rabiul akhir | 29 | 29 | 29 | |||||
Jumadilawal | Jumadil awal | 30 | 30 | 29 | |||||
Jumadilakhir | Jumadil akhir | 29 | 29 | 29 | |||||
Rejeb | Rajab | 30 | 30 | 30 | |||||
Ruwah | Sya'ban | 29 | 29 | 29 | |||||
Pasa | Ramadhan | 30 | 30 | 30 | |||||
Sawal | Syawal | 29 | 29 | 29 | |||||
Sela | Dzulkaidah | 30 | 30 | 30 | |||||
Besar | Dzulhijjah | 29 | 30 | 30 |