Besaran

Besaran

Besaran utawi besar, uga diarani murbéi lan arbéi, kalebu tuwuhan kang bisa dimanfaataké woh lan godhongé.[1] Nanging lumrahé godhongé luwih wigati tinimbang wohé.[1] Godhong besaran lumrahé kanggo pakan uler sutera.[1] Déné uler sutera iki kena kanggo indhustri tékstil.[1] Uler sutera bisa ngasilaké benang kepompong kang bisa diolah dadi kain sutera kang larang regané.[1] Woh besaran bisa diolah dadi sari woh kang nduwéni khasiat kanggo kaséhatan lan bisa duwé aji tambah kanggo wong tani besaran.[1]

Saliyané dikenal dadi tuwuhan kang godhongé bisa kanggo pakan uler sutera kanggo indhustri tékstil, besaran uga kena dadi antioksidan kang bisa ngundhakaké kadar kolésterol HDL lan ngurangi kadar kolésterol LDL.[1] Déné kolesterol LDL iki kang nyebabake lelara jantung koronér.[1] Ing Indonésia woh besaran lumrahé dipangan nalika isih seger.[1]

Salah sijiné cara kanggo ngolah woh besaran ya iku kanthi digawé sari woh besaran.[1] Nalika di tés ing tikus, sari woh besaran bisa nurunaké kadar kolésterol LDL lan triglisérida serum darah lan ngundhakaké kadar HDL.[1]

Besaran wis mateng rupané abang utawa ireng

Besaran uga nduwéni khasiat kanggo nambani lelara talasemia.[2] Talasemia ya iku lelara amarga sél darah merah ora bisa mbentuk sèl-sél kang wutuh, lumrahé sèl kang kena talasemia dhapuré kaya wulan sabit.[2] Besaran kanggo obat talasemia lumrahé digawé tèh besaran lan madu royal jelly Jambi.[2]

Besaran nduwéni jeneng latin Fragaria vesca.[3] Tuwuhan iki dikenal mirib stroberi alpin utawa stroberi cilik.[3] Besaran wernané abang utawa putih gumantung variétase.[3]

  1. a b c d e f g h i j k http://www.bic.web.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
  2. a b c http://forum.detik.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 Mèi 2011)
  3. a b c health.detik.com(dipunundhuh tanggal 19 Mèi 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne