Ing babagan konstruksi, beton iku sawijining bahan wangunan komposit / campuran kang kagawé saka kombinasi agrégat lan pengikat semèn. Wangun paling umum saka beton yaiku beton semèn Portland, kang dumadi saka bahan kasar / agrégat (biasané krikil lan pasir), semèn lan banyu. Lumrahe dipercaya yèn beton dadi garing sawisé pencampuran lan pamasangan. Sabeneré, beton ora dadi padhet amarga banyuné nguap, nanging semèn ngalami hidrasi, ngelèm komponèn liyané lan wusanané mbentuk material kaya watu. Beton dipigunakaké kanggo gawé nguwataké dalan, struktur wangunan, pondhasi, dalan, kreteg panyabrangan, struktur parkiran, dhasar kanggo pager/gerbang, lan semèn jroning bata utawa témbok blok. Jeneng lawas beton yaiku watu cuwèr. Jroning perkembangané akèh ditemokaké beton anyar asil modhifikasi, kaya ta beton ènthèng, beton semprot (eng: shotcrete), beton fiber, beton kakuwatan dhuwur, beton kakuwatan dhuwur banget, beton madhet dhéwé (eng: self compacted concrete) dll.