Bimasekti

Galaksi Bimasekti, Srengéngé ana ing salah siji lengan spiral ing pinggir galaksi Bimasekti

Bimasekti (basa Inggris Milky Way) iku galaksi ing alam semesta. Galaksi Bimasekti wujudé spiral kang ukurané gedhé, duwé massa ± massa srengéngé. Galaksi iki ketata saka 200-400 milyar lintang lan duwé diameter 100.000 taun cahya. Let srengéngé karo pusat galaksi iki kira-kira 27.700 taun cahya.

Sistem tata suryané dhéwé ana ing galaksi Bimasekti iki.

Pusat galaksi iki ketata saka éwon lintang-lintang tuwa lan duwé gaya gravitasi kang kuwat banget. Ana dugaan yèn ing pusat galaksi iki ana luwang ireng (black hole) kang gedhé banget.

Spiral-spiral (lengan) ing galaksi iki ana 4 kang utama lan 2 kang luwih cilik, kabèh diwiwiti saka pusat galaksi. Spiral-spiral iku yaiku:


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne