Bintang Budaya Parama Dharma (basa Sansekerta: parama ingkang ateges saé sanget; dharma ingkang ateges kukum, bener, lan kesaenan) inggih punika salah satunggaling wujud bintang tandha kaurmatan ingkang dipunparingaken saking pamaréntah Indonésia minangka tandha kaurmatan ingkang paling inggil kanggé sinten kémawon ingkang gadhah akhlak, tindak tanduk lan budi pakarti ingkang saé saha gadhah jasa ingkang ageng ing babagan kabudayan.[1]
Bintang Budaya Parama Dharma inggih punika tandha kaurmatan ingkang paling inggil wonten ing babagan kabudayan, ingkang sak tingkat papanipun kaliyan Bintang Jasa Utama. Bintang Budaya Parama Dharma dipunparingaken tanpa kelas. Tandha kaurmatan Bintang Budaya Parama DHarma ugi boten gadhah pita kalung.