Bintang Jasa

Bintang Bintang Jasa Utama

Bintang Jasa inggih punika salah satunggaling wujud bintang penghargaan sipil ingkang dipunwedalaken lan dipunparingaken déning pamaréntah Republik Indonesia, ingkang drajatipun satunggal tingkat langkung andhap tinimbang Bintang Mahaputra. Bintang punika dipunwedalaken lan dipunparingaken dhateng sinten kémawon ingkang gadhah jasa sanget luar biyasa dhateng nusa lan bangsa wonten ing babagan utawi prastawa utawi prakawis tartamtu ing sak njawining babagan militèr. Bintang Jasa maujud saking sinar dawa ingkang pucukipun cacahipun wonten gangsal lan berkas sinar ingkang cekak kanthi pucukipun cacahipun gangsal ugi, kanthi wonten lambang Bhinnéka Tunggal Ika. Bintang Jasa kapérang dados tigang kelas, inggih punika:[1]

  1. Bintang Jasa Utama (Uttama: ingkang paling inggil, ingkang saé piyambak, ingkang paling hebat)
  2. Bintang Jasa Pratama (Prathama: ingkang sapisan)
  3. Bintang Jasa Nararya (Nara: tiyang, manungsa; aryya: kinurmatan)
  1. BINTANG JASA (dipunundhuh tanggal 8 Maret 2013)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne