Bintang Mahaputra inggih punika salah satunggaling wujud bintang penghargaan sipil ingkang paling inggil, nanging dipunwedalaken lan dipunparingaken sasampunipun Bintang Républik Indonésia dhateng anggota korps militèr. Bintang punika dpunparingaken dhateng sinten kémawon ingkang gadhah jasa ageng sanget ing babagan militèr ugi.
Bintang Mahaputra kapérang saking gangsal kelas, inggih punika:
Bintang Mahaputra inggih papanipun satunggal tingkat langkung andhap tinimbang Bintang Républik Indonésia.[1] Ingkang pinaringan bintang Mahaputera punika sarat-saratipun ingkang umum inggih punika kedah:
Déné sarat ingkang mirunggan inggih punka gadhah jasa ingkang luar biyasa dhateng nusa lan bangsa ing satunggaling babagan tartamtu ing sak njawinipun babagan militèr, kados ta ing babagan pulitik, ékonomi, kauangan, sosial, kabudyan, pendhidhikan, kaamanan, pembangunan, administrasi, ngèlmu kawruh, tetanen, perikanan, peternakan, perindhustrian, perdagangan, pelayaran, lan sapanunggalanipun.