Bintang Republik Indonesia

Bintang Adipurna

Bintang Républik Indonésia inggih punika salah satunggaling tandha kinurmatan ingkang paling inggil ing antawisipun tandha-tandha kinurmatan sanèsipun. Bintang Républik Indonésia punika dipundamel kanthi ancas dipunwedalaken lan dipunparingaken kanggé ngurmati dhateng sinten kemawon tiyang ingkang saged njagi wetahipun, kelangsungan lan jayanipun Nagara Kesatuan Républik Indonésia.[1] Tuladhanipun tokoh ingkang sampun pikantuk penghargaan Bintang Républik Indonésia punika inggih Abdurrahman Wahid.[2]

  1. BINTANG REPUBLIK INDONESIA
  2. "Penghargaan". Diarsip saka sing asli ing 2016-03-05. Dibukak ing 2013-03-05.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne