Bioinformatika (basa Inggris: bioinformatics) iku (èlmu kang nyinaoni) panrapan tèhnik komputasional kanggo nglola lan nganalisis informasi biologis. Babagan iki nyakup panrapan métodhe-métodhe matématika, statistika, lan informatika kanggo mecahaké masalah-masalah biologis, mligi kanthi migunakaké sekuens DNA lan asem amino sarta informasi kang ana kaitané. Conto topik utama babagan iki ngambah basis data kanggo ngemunah informasi biologis, panyejajaran sekuens (sequence alignment), prédiksi struktur kanggo ngramalaké wangun struktur protéin uga struktur sékundhèr RNA, analisis filogenetik, lan analisis èksprèsi gen.