Biyoskup

     

Biyoskup (Walanda: bioscoop saka basa Yunani βιος, bios (kang ateges urip) lan σκοπος (kang ateges "deleng") ya iku panggonan kanggo deleng pagelaran filem kang nggunakaké layar lebar. Gambar filem diproyèksikaké ing layar kanthi nggunakaké proyèktor. Gedhong biyoskup lumrahé komersial tegesé sing nonton kudu tuku karcis luwih dhisik. Filem sing diputer disorotaké nganggo proyèktor menyang layar jembar ing sangarepé para penonton. Ing jaman biyèn biyoskup muter filem sing wujudé isih wujud rol filem, nanging ing jaman modhèren filem wis awujud digital.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne