Brambang | |
---|---|
![]() | |
Brambang ing pasar | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Liliopsida |
Ordho: | Asparagales |
Famili: | Alliaceae |
Génus: | Allium |
Spésies: | A. ascalonicum |
Jeneng binomial | |
Allium ascalonicum L. |
Brambang utawa bawang abang (Allium ascalonicum L.) iku jeneng tuwuhan saka familia Alliaceae lan jeneng saka umbi kang dikasilaké.[1] Umbi saka tuwuhan brambang minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonésia.[1] Brambang kalebu tuwuhan sayuran.[1] Tuwuhan iki lumrahé kanggo bumbu masakan, utawa kanggo wuwuran ing masakan.[1] Masakan kang lumrahé diwuwuri brambang ya iku soto, sop, sega gandul, sega pindhang, semur,mi goreng, mi godhog, lan liya-liyané.[1] Brambang lumrahé diiris tipis, digoreng banjur diwuwurna ing masakan.[1] Nanging ati-ati yèn nggorèng brambang, amarga brambang yèn digorèng gampang gosong.[1]
Brambang iku sayuran kang ana méh ing kabéh masakan.[1] Fungsiné kanggo gawé sedhep masakan.[1] Ing kondisi Indonésia saiki, Indonésia lagi krisis ékonomi, saéngga kudu bisa ngoptimalké sumber daya alam supaya perékonomianné rikat pulih.[1] Indonésia kalebu nagara agraris.[1] Nanging saiki Indonésia malah ngimpor brambang saka manca nagara.[1] Kaanan kang kaya mengkéné ndadékaké Indonésia kudu nduwé greget kanggo ngembangaké pertanian brambang.[1]
Kembang brambang diaraniblalo, putut, ilu-ilu, menjos, gènggèk utawa klengeng, béda-béda miturut daérahé.