Cacing kremi

Cacing kremi

ICD 127.4

Cacing kremi (Enterobius vermicularis).
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Nematoda
Klas: Secernentea
Subklas: Spiruria
Ordho: Oxyurida
Famili: Oxyuridae
Génus: Enterobius
Species
  • Enterobius vermicularis (Linnaeus, 1758)[1]
  • Enterobius anthropopitheci (Gedoelst, 1916)[1]
  • Enterobius gregorii (Hugot, 1983) (disputed)

Cacing kremi ya iku cacing Enterobius vermicularis kang tumbuh lan ngendhog ning sajeroning usus. Cacing Enterobius vermicularis nyebabkaké infeksi cacing kremi kang karan uga enterobiasis utawa oksiuriasis. Infeksi racaké kedaden liwat 2 tahap. Pisanan, endhog cacing pindah saka laladan sekitaré anus penderita maring klambi, seprei utawa dolanan. Nuli liwat driji tangan, endhog cacing pindah maring cangkem bocah liyané lan akiré keeleg. Endhog cacing uga bisa keserot karo angin saka irung nuli keeleg. Sawisé endhog cacing keeleg, nuli larvané netès ning njeroning usus cilik lan bakal dadi cacing diwasa ning njeroning usus gedhé (prosès pematangan iki waktuné nganti 2-6 minggu). Cacing diwasa wadon nyedhaki anus (nalika bengi) kanggo nyimpen endhogé ning limpetan kulit anus. Endhog iku bisa kuat 3 minggu ning njabané awak manungsa ning suhu ruangan kang normal. Nanging endhog bisa netes luwih rikat lan cacing sing enom bisa lumebu manèh ning rektum lan usus pérangan ngisor.

  1. a b Hasegawa et al. 2005.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne