Camp Nou

Camp Nou
LokasiBarcelona, Spanyol
Koordinat41°22′51.20″N 2°7′22.19″E
Pelepasan tanah28 Maret 1954
Dibuka24 September 1957[1]
PemilikFC Barcelona
OperatorFC Barcelona
Biaya konstruksi288 juta peseta
ArsitèkFrancesc Mitjans-Miró
Lorenzo García Barbon
Josep Soteras Mauri
Kapasitas98.772[1]
Ukuran lapangan105 m x 68 m [1]
Pemakai
FC Barcelona (1957–sekarang)

Camp Nou (asalé saka basa Katalan kang tegesé "lapangan anyar") iku salah siji stadion kang ana ing Spanyol, Barcelona. Stadion iki dadi kandhange FC Barcelona. Stadion iki dibuka wiwit taun 1957, kapasitase 98.772 kursi.[2]

Ing stadion Camp Nou duwé fasilitas 99.354 kursi. Stadion iki dadi stadion kang gedhé dhéwé ing Éropah lan nomer sewelas gedhé dhéwé babagan kapasitas. Stadion iki wis asring nganakake tetandhingan kelas internasional, kaya ta pinal Liga Champions, ing taun 1999. Stadion iki uga tau minangka kompetisi bal-balan ing Olimpiade 1992 kang dianakake ing Barcelona.

Stadion iki mapan ing Avinguda Aristides Maillol, ing distrik Les Corts ing Barcelona, ing panggonan iki uga ana yasan kang diarani Blaugrana Palau, kang digunakaké kantor. Ing sisihe stadion iki uga dibuka megastore FCBotiga lan Miniestadi.[3]

Arsitek Josep Soteras Mauri lan Francesc Mitjans Miró gawé proyek stadion migunakaké beton lan baja nganti 2 cincin saben tingkat. Payone migunakaké 26 balok kang nyangga baja, wujudé nyempit madhep lapangan. Wiwitane stadion iki mung bisa kamot 93.000 penonton.[2]

  1. a b c "FC Barcelona Information". FCBarcelona.cèt. Dibukak ing 2008-02-29.
  2. a b www.worldstadiums.com; L'Estadi (Camp Nou) Archived 2010-05-10 at the Wayback Machine. (diundhuh tanggal 7 Agustus 2011)
  3. www.fcbarcelona.cat; Situs resmi FC Barcelona(diundhuh tanggal 7 Agustus 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne