Candhi Singhasari utawaCandhi Singasari utawaCandhi Singosari ya iku candhi Hindhu-Buda tilas sajarah Karajan Singhasari kang ana ing Désa Candhirenggo, Kacamatan Singosari, Kabupatèn Malang, Jawa Timur, Indonésia. Candhi Singosari tinemu sakiwa-tengené awal abad 19, taun (1800-1850), déning wong Walanda kang jenengé Nicolaus Engelhard, kanthi sebutan candhi Menara amarga dhapuré kaya menara, nanging penduduk sakiwa-tengené njenengaké candhi Singosari amarga papané ana ing Singosari, uga ana sapérangan wong kang nyebut Candhirenggo, amarga papané ing Désa Candhirenggo[1].