Candhi Watu Gudhig inggih punika salah satunggaling nama siji candhi ingkang dipunyasa kirang langkung abad ke-9, candhi punika dumunung antawis 4 km sisih kilèn lèr saking Candhi Prambanan. Papanipun, ing sisih wétan Kali Opak utawi sisih kilèn margi ageng Prambanan saha Piyungan (sisih wétan kutha Yogyakarta).[1]
Nama "Watu Gudhig" inggih punika nama ingkang dipunparingi déning warga masarakat, amargi watu-watu candhi (umpak watu) dipuntuwuhi lumut ingkang warninipun bintik-bintik kados lelara kulit (gudhig). Dumugi sapunika dèrèng dipunmangertosi nama asli saking candhi punika.[2].