Canthing iku piranti sing dipigunakaké kanggo mindhahaké utawa njupuk cuwèran. Canthing kanggo mbathik iku piranti cilik sing kagawé saka tembaga lan pring minangka cekelané. Canthing iki dipigunakaké kanggo nulisaké pola bathik mawa cuwèran lilin. Sadurungé bahan plastik akèh kanggo piranti rumah tangga, canthing sing kagawé saka bathok klapa akèh kanggo salah siji piranti pawon minangka gayung. Saiki canthing bathok klapa wis arang katon manèh amarga digantèkaké bahan liya kaya déné plastik. Canthing kanggo mbathik uga saya suwé digantèkaké karo teflon.