Christian Bautista

Christian Bautista
Christian Bautista
Pratélan latar wuri
Jeneng lairChristian Joseph Morata Bautista
SakaImus, Cavite, Philippines
GénrePop, P-pop
PakaryanSinger, Actor,, Host, Model
PirantiVocals
Mangsa akarya2003–present
LabèlWarner Music
Star Records
Universal Records (Philippines)
Aquarius Musikindo (Indonesia)
Sana jaringanChristianBautistaOnline.com

Christian Joseph Morata Bautista (lair ing Imus, Cavite, Filipina, 19 Oktober 1981; umur 43 taun) ya iku penyanyi, aktor lan model saka Filipina, kondhang ning Asia, kaya ta ning Indonésia lan ning Thailand.[1] Christian miwiti kariré ning taun 2003 meluni sawijining kontès bakat ya iku Star In A Million, kang dianakaké ning saluran TV ABS-CBN, Filipina.[1] Christian sukses menangaké kontès bakat mau ngeraih juara kapapat.[1]

Christian Bautista sempet njalin asmara karo Rachelle Ann Go, penyanyi lan modhel saka Filipina.[1] Hubungan mau mandhek sawisé rong taun dilakoni, diakoni mandhek ning taun 2007.[1] Sawisé pista kemenangan saka suksesé ning program panggolekan bakat Star In A Million kapungkur, banjur Christian Bautista nandhatangani tawaran kontrak karo Warner Music Philippines.[1] Dhèwèké sibuk nggarap album kapisané kang diwènèhi judhul COMPLETELY lan sukses ning taun 2005, kanthi lagu andhalané The Way You Look at Me kang kondhang ing donya, uga Indonésia.[1] Album mau sukses digarap lan sukses ing nagara-nagara Asia Tenggara.[1] Banjur dhèwèké wiwit populer ning nagara-nagara Asia Tenggara mligi Indonésia, Malaysia, Singapura lan Thailand.[1]

Sukses ning dunya tarik swara dhèwèké miwiti jajal ning dunya akting, liwat castingé ning sijining opera sabun kang judhulé KAMPANERANG KUBA taun 2005.[1] Sadurungé, Christian uga tau mèlu ana ing teater, kaya teater kang judhulé THE LION, THE WITCH & THE WARDROBE (2002), JOSEPH THE DREAMER (2002) lan WEST SIDE STORY (2008).[1]

Ning taun 2011, sadurungé filemé dirilis, soundtrack-e wis dadi favorit. [2] Single mau judhulé I'm Already King, soundtrack filem SIMFONI LUAR BIASA, kang diperanaké déning Christian Bautista lan Gista Putri.[2]

Ning sawijining acara musik televisi ning Filipina, I'm Already King kang uga dinyanyikaké déning Christian Bautista iki sukses ana ning posisi 10.[2]

  1. a b c d e f g h i j k Biografi Christian Joseph Morata Bautista dipununduh tanggal 14 Agustus 2011
  2. a b c 'I'm Already King' Duduki Tiga Besar Chart Filipina dipununduh tanggal 14 Agustus 2011

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne