Christian Sugiono (Jakarta, 25 Fèbruari 1981) iku sawijining aktor filem, bintang sinétron lan iklan Indonésia. Dhèwèké dadi misuwur lan ditepangi publik umum sawisé taun 2005 sabanjuré dadi bintang ing filem Catatan Akhir Sekolah lan sawatara filem liyané kaya ta Jomblo. Sinétron sing naté dibintangi ya iku antarané Ratu (sinétron) lan Kasih. Christian Sugiono lumebu nominasi aktor minulya ing filem Dunia Mereka nalika Festival Film Bandung.[1] Banjur nalika Panasonic Award 2007, Christian dinominasèkaké dadi aktor favorit. Christian diangkat minangka Duta Pengetahuan Bebas (2009) sing dadi program Kamentrian Komunikasi lan Informatika.[2] lan duta Microsoft Windows 7[3]