H. Chrisye | |
---|---|
![]() | |
Latar wuri | |
Jeneng lair | Christian Rahadi |
Jeneng liya | Chrismansyah Rahadi |
Lair | Jakarta, ![]() | 16 Sèptèmber 1949
Pati | 30 Maret 2007 Jakarta, ![]() | (umur 57)
Jinis Musik | Pop, pop progresif |
Pakaryan | penyanyi |
Instrumen | Bass |
Taun aktif | 1966–2007 |
Parusahan rekaman | Musica Studios |
Pasangan | Damayanti Noor |
Anak | Rizkia Nurannisa Risti Nurraisa Rainda Prashatya lan Randa Pramasya (kembar) |
Agama | Islam |
Chrisye utawa kang duwé jeneng dawa H. Chrismansyah Rahadi iku sawijining penyanyi pop saka Indonésia.[1] Chrisye lair ing Jakarta, 16 September 1949.[2] Dhèwèké lair saka pasangan (Alm) Laurens Rahadi lan (Alm) Hana.[1] Garwané Chrisye ya iku G.F Damayanti Noor, nikah taun 1982 lan duwé putra papat, ya iku Rizkia Nurannisa, Risti Nurraisa, Rainda Prashatya, lan Randa Pramasya.[2] Wiwit tanggal 31 Juli 2005, Chrisye dirawat ing rumah sakit ing Singapura amarga lara Kanker Paru-Paru. Chrisye ninggal donya jam 4:08 WIB tanggal 30 Maret 2007 ing Jakarta lan dikubur ing TPU Jeruk purut, Jakarta Kidul.[2]
Dilairaké ing Jakarta saka kulawarga Tionghoa-Indonésia, Chrisye kepéncut marang musik nalika isih anom. Nalika isih sinau ing SMA, Chrisye main gitar bas sajeroning sawiji band sing diwangun bebarengan karo kangmasé, Joris. Ing pungkasan dasawarsa 1960-an Chrisye dadi anggota band Sabda Nada (sing tembé buri ganti jeneng dadi Gipsy). Ing taun 1973, sawisé cuti sauntara wektu, Chrisye mèlu band mau menyang New York kanggo main musik. Sawisé mulih menyang Indonésia mung sedhéla, Chrisye bali menyang New York karo band liya, ya iku The Pro's. Sawisé bali menyang Indonésia, ing taun 1976 Chrisye makarya padha karo Gipsy lan Guruh Soekarnoputra kanggo ngrekam album indie Guruh Gipsy.
Sawisé suksès gawé Guruh Gipsy, ing taun 1977 Chrisye ngasilaké loro karya sing paling apik, ya iku "Lilin-Lilin Kecil" tulisan James F. Sundah sarta album jalur swara Badai Pasti Berlalu. Sukses kaloro karya iki agawé Chrisye direkrut déning Musica Studios, lan karo parusahan rekaman iku Chrisye ngrilis album solo perdhanané, Sabda Alam, ing taun 1978. Saklawasé karieré sing punjul 25 taun Chrisye ngasilaké 18 album solo liya, sarta main sajeroning siji filem: Seindah Rembulan (1981).
Chrisye tilar donya ing omahé ing Jakarta ing tanggal 30 Maret 2007 sawisé mataun-taun nandang lara kanker paru-paru. Chrisye ninggal garwa, Gusti Firoza Damayanti Noor, lan papat anak.[3]
Dikenal kanggo vokalé sing alus lan gaya panggung sing kaku, Chrisye dianggep salah siji penyanyi Indonésia legendharis. Lima album sing kalebu karyané diamot sajeroning pratélan 150 Album Indonésia Paling apik déning kalawarta musik Rolling Stone Indonésia. Lima laguné (lan siji manèh sing Chrisye njurung) diamot sajeroning pratélan lagu paling apik déning kalawarta sing padha ing taun 2009. Sawetara albumé disertifikasi pérak utawa luwih dhuwur. Chrisye nampa loro lifetime achievement award, siji ing taun 1993 saka BASF Awards lan siji manèh ing taun 2007 saka stasiun télévisi SCTV. Ing taun 2011, Rolling Stone Indonésia nyathet Chrisye minangka musisi Indonésia paling apik nomer telu salawasé.