Chum Bucket yaiku salah sawijining warung ing kartun SpongeBob SquarePants. Restoran iki diduweni dening Plankton, mungsuh selawasé juragan saka Krusty Krab, Mr. Krabs. Plankton duwé pepenginan nyolong resep sesandhi Krabby Patty, kadhangkala dhèwèké entuk resep sing palsu.
Jeneng saka restoran iki yaiku plesetab ing "ember Chum", yaiku wadhah bahan kewan utawa tetuwuhan, kaya ta endhas iwak lan jagung kang disigar, biasané dibuwang ing lumahing banyu kanggo narik kawigatené iwak. Mung sawise Raja Neptune dituduh lan mbengkongake Pak Krabs amarga dinuga nyolong makutha, nalika iku pancen luputé Plankton, mula dhèwèké adol Krabby Patty sing enak ing kene ... nanging namung sedhela. Ing episode Friend and Foe, dhèwèké nerangake sawatara resep-resep burger sing ala sing digawé yaiku tinta cumi lan sajumput chum.