Cikembar | |
---|---|
Kacamatan | |
![]() Petha dunungé Kacamatan Cikembar | |
Nagara | ![]() |
Propinsi | Jawa Kulon |
Kabupatèn | Sukabumi |
Pamaréntahan | |
• Camat | - |
Kode Kemendagri | 32.02.10 |
Kapadhetan | /km² |
Désa/Kalurahan | - |
Cikembar iku kacamatan ing Kabupatèn Sukabumi, Jawa Kulon, Indonésia. Kacamatan Cikembar iku Kacamatan saka 47 Kacamatan kang ana ing wewengkon Kabupatèn Sukabumi, minangka laladan kawasan indhustri lan tetanèn. Kacamatan iki mbawahi 9 désa kang dumadi saka 44 Dusun 103 RW lan 438 RT. Jembar wewengkon Kacamatan Cikembar yaiku 8.651,83 Ha adumadi saka Sawah 1.385,38 Ha lan Lemah garing 5.148,09 Ha. Iklim ing Kacamatan Cikembar kagolong sedheng kanthi temperatur suhu rata-rata 18-32 °C lan curah udan watara 1.200 nganti 2.200 mm/taun. Sarana prasarana pendhidhikan ing kacamatan iki ana 41 SD dumadi saka 39 SD Negri lan 2 SD swasta. Déné sekolah lanjutan pisanan (SLP) negri ana 6, SLP swasta ana 5 sekolah lan madrasah diniyah ana 52 panggonan.